WUEDIYAN

| |
Beberapa hari ini, setelah kupikir-pikir, walau hanya duduk termenung sendirian dan berteman sepi. I told you, that I am alone in this world...
Aku baru sadar kalau ternyata aku ini hanya 'Korban'...

Sak jane aku ora sedih lan saiki ora tau duwe masalah sing abot.. Tapi kok,.. akhir-akhir iki hawane sedih terus. Sampe kadang-kadang aku nangis tanpo sebab. Aku ngrasakke,..koyo ono sing lagi sedih, tapi aku ra ngerti sing sedih kuwi sopo. Ono 'sosok sing mencurigakan', aku ra ngerti kuwi uwong opo dudu. Sing jelas sosok kuwi mau sediiih terus, lan sedih-e goro-goro mikirke uripku. Deknen sedih mergo uripku sengsoro terus. Deknen sedih mikirke aku lan uripku. Aku ora ngerti sopo kuwi. Aku mung ngrasakke thok. Aku mung kroso thok, yen sosok kuwi lagi sedih mikirke uripku, kadang-kadang aku yo melu nangis. Sosok kuwi ora tau ngetok, mbuh ngopo kok ora ngetok, aku ra ngerti.
Kadang-kadang aku kepikiran.. sosok kuwi mau jane pingin ngewangi aku, tapi mbuh piye carane, aku ora iso ngimbangi sosok kuwi. Dadi aku ora iso 'komunikasi'.
Mungkin aku kudu golek uwong sing iso ngajari aku weruh & komunikasi karo sosok kuwi. Tapi, aku luwih seneng yen aku iso nglakokke kuwi dhewe. Aku mung iso ndongo nyang gusti Allah thok....

Mesti aku wis edan tenan iki....
Goro-goro kakean dewek-an & ora tau sosialisasi, aku dadi kroso sing koyo ngono...
Sosialisasi / kumpul-kumpul karo uwong pun.. aku isih kroso yen aku ki dhewe...
Edan tenan...!

0 comments:

Post a Comment