Compar Campur

| |
Kenopo kok dino iki rasane kesel bianget. Padahal wis turu cukup, mbok-o ora turu neng omah tipes. Jane yo turuku mau bengi ki penak bianget. Neng AC, sambi nonton TV. Tapi kok rasane kesel yo? Polah sithik wae jantunge deg deg deg. Bar iki tak tuku EXTRAJOSS we, ben rodo JOSS awake. Soale mengko awan isih akeh kegiatan...

Hore!! Donlod Prodigy 'Baby's Got A Temper' neng WINMX

Terus sebuah kabar yang lumayan telat... anak-e mas Adi sing lair awal Juni wingi, jenenge Muh. Chabibuddin Patriadi Nuhriawangsa. Hehe, celukane Abib. Bagus cahe...

Aku dek wingi krungu seko Pak Kampek, yen wingi sore, neng studio diadakan pembersihan, tapi sing iki dudu pembersihan sembarangan. Ora koyo mbiyen. Yen mbiyen khan pembersihan narkoba. Lha dek wingi kae pembersihan roh-roh jahat (wuss, sakral tenan). Ngepasi men aku raono neng kono. Mesti ngono...

Sak jane aku ki percoyo yen koyo ngono kuwi ono, soale aku wis tau diweruhi. Tapi aku luweh percoyo karo Gusti Allah. Aku sok-sok nggumun. Akeh banget uwong-uwong sing njaluk tulung karo 'uwong pinter'. Pancen kuwi ora salah. Tapi yo kudune mbok biasa wae. Ora usah terlalu fanatik ngono. Bukanya aku iri. Tapi rak sing jenenge urip, sing nentokke Gusti Allah. Pancen rapopo takon uwong pinter tentang arti ngimpi, tentang suk emben uripe piye, tapi yo ojo terlalu fanatik ngono terus. Sing nentokke urip kuwi awakke dhewe. Dudu sopo-sopo. Dadi yo tergantung usahane awake dhewe piye nggo sokmben...

Aku kok malah mumet mikir kuwi. Sak-ke tenan mase...

0 comments:

Post a Comment