Showing posts with label jowo. Show all posts
Showing posts with label jowo. Show all posts

Friday The 13th - Kontrol Part 6

| | 0 comments
more than enuff :)

kontrol sep...
posisi dah mapan, tapi masih disuruh rutin sujud
bb naek jadi 60 kg :0
usia dik ntung 27 minggu dgn berat 1 kilo 5 ons
akhirnya menuju trisemester 3, alhamdulillah ya allah...



lotsa gifts for me today called 'plong' sudah bayar tagihan yg gak banyak, termasuk mapane dik ntung dan laen2 :)

yo sori yen taon iki mungkin raono lagu2 anyar dsb... soale lagi cuti prei mbobot, selaen kui, uwong sing wes rabi tur ngomahe raono pembantu kui jarang ono wektu nggo jedag jedug. opomeneh wes tuo umure... sukur2 yen ono sing ngewangi resik2 omah nyapu ngepel umbah2 dll, lha iki? blas raono. aku saiki rewang og. meteng ra meteng tetep rewang jaya... hahaha...

ash mong opok...
:0

sing penting sehat sehat sehat...
amin...

1 Year Anniversary

| | 1 comments

Wah ra kroso cah cah... wis setaun merid...

Bar Foto Band, Masi Wedangan

| | 0 comments
Masi bar foto band trus micek... (boro2 neng omah, kui isih neng lobine studio fotone)... Hahahaha rambute kempes, rupane dadi koyo cah cilik... kok rambute dadi lurus bar diapakno? Wahahaha... Malah koyo cah SMP...



Masi bar rampung foto band, langsung njujug wedangane pakde suhar. Sajake wis keluwen tenan.



Wah, enak2 yo maemane... Dadi luwe aku ndelok-e...

Filos

| | 0 comments
radue duit rapopo. Sing penting mangan ra masalah, sing paling penting dhewe genah kudu sehat terus, nganggo klambi n lain sebagainya yo sak onone wae. Popularitas ra penting. Martabat ra penting. Sing penting cinta damai, ra pareng sombong, ra pareng serakah, ra njipuk sing dudu duwek-e, trus... Jangan merendahkan orang laen dan merasa lebih hebat... karo rapareng ngapusi, opo neh ngelek-elek wong liyo. Urip ki pancen rekoso. Yen pingin neko-neko n sing luwih, mesti dadi tambah rekoso. Dadi yo opo sing diparingi gusti allah, raperduli apik opo elek, tampani ae ro jalani dgn tabah. Jane sih akeh sing liane. Tapi aku ngantuk. Tak turu sik yo...

KOCOMOTO IRENG SILIHAN

| | 1 comments

jepretane Masi... wkwkwk

Padhang sithik

| | 0 comments
ya ampun si bjat aadn!!! ini comment-nya dia :
hehehe... dang kok blogmu dadi rodo padang, wis mari po edanmu ?? hahaha
Sante wae walupun postingane ra mutu, sing penting posting... hidup ra mutu!!
sinuwune solo | Email | 02.21.04 - 1:31 am | #

Bar mati lampu nyoto trus ngenet

| | 0 comments
mulai jam setengah 4, lampu sekota mati semua. jadi kayak resident evil suasananya. padahal lagi enak2 dengerin lagu plus old suck,... jrot! bledos...
sempet nongkrong di depan sama anak2. untung bawa senter. smsan sama si boss bentar...

abis itu ke soto, langsung ke sini, sama mas bjat, mas william & mas tata ripal..

waaaa opo meneh iki???
marakke bingung.
dino iki aku kesel banget.
bar iki pingin turu angler, kemulan..
trus tangi langsung nonton cah-cah maen.
itu tu, kalo gak salah solo pos yang adain acara...
jenenge acarane mbuh opok raruh...
band2 sing main, band seko solo sing wis klebu major label.
genk kobra, noya, jasmine, utara, seven six, metal force...
mugo-mugo acarane setil...
hehehe...
aneh kotak2e
ngomong opok...
ndasku infeksi kethoke. rapenak tenan...

~!@#$%^&*()_+!!!!!!!!!

well,..
yihaaaaa!! i can smoke in this cafe!!!
the connection is not fast enuff.. too bad...
i'm not interesting to browse.
a little bit chilli down here, the street is almost crowded. whiww...
influenzaaaa!!! uaaachhhiiiih! shit!
i'm still preparing for the show next week...
i hope, i will have a great time performing...
all black for the show... (:D)

я очень thirsty. я холодное питье с множеством льда в стекле, котор доктор
сказал, я не могу выпить кислые пить. не хорошо для моего живота но это после
полудня, я выпил hahaha сока померанца и мангоа!

см. вас!!

TAI MBONJROT

| | 0 comments
ceprooooooot!!!!! opo kuwik?? ndasku kepathak plastik sing isine tai tur tai mencret!!! huahahahazhaaaaaaaaaaaaahhh! tapi kok ambune koyo selei setroberi ngono. sopo kiro-kiro sing ngising yo? enak tenan. ising kok koyo selei setroberi. yen ngedegke pabrik selei mesti cepet sugih... :D

jroooot!! waaaaa....!!! nggilani!!! umbele akeh tenan!! gek tur kok rasane koyo yogurt!! wuusss... jan setil tenan... umbele sopo kuwi mau? iki opo tunggale sing tai selei setroberi mau? wong ngendi tho?? hebat tenan...

aku nulis opo tho ikiiiii buneeee??? ramuthuuuu...

yo ben...

mbuh ah crit!!!

i'm almost 18.. :P who chares???

Я справедлив другое тело

вниз.

Внутренне кровотечение круглое и круглое. И все, котор я могу думать будут дороги умереть самостоятельно.

Портрет моего скелетного увеличения.

Левые шкурные и голодные так подают мне боль.

Реальность избежания с новой болью.

После этого препятствуйте циклу начинать снова. И все, котор я могу думать будут дороги умереть самостоятельно.

И все, котор я могу думать будут дороги умереть самостоятельно.

Сновидение содержания, боль фильтровало ферму.

Все, котор я могу сказать.......

Сновидения плох когда все, котор они делают будет разрешение правда позади.

Сновидения плох когда все, котор они делают будет разрешение правда позади.

Сновидения плох.



udah ahhhhh....

pinggon (pingin nggontho)....

modaroooooooooo...

Mangan Akeh

| | 0 comments
Wingi aku mangan akeh bianget! Opo goro-goro gontho napsu makan dadi tambah?

Aku ngentheke :
-martabak sak bungkus
-kue terang bulan keju sak kerdus
-sate wedhus 12 tusuk (mangan bareng Oscar)
-bubur ayam lengganan sak piring (dijajakke Wuri)
-chiki 4 bungkus
-es krim 2 gelas
-onion rings & chicken strip
-bubur cendhil waloh sak pincuk

Mau kok wetengku rodo mules, neng kamar mandi ping pindho..
Kethok-e iki kebelet meneh..
Payah!
Mangane akeh, tapi sama sekali ora kelebon sego..

Mas Adi bali seko Temanggung dino iki. Mau mampir mrene ngedrop oleh2 panganan akeh..
Mangan meneh!!!
Hahahaha! Jan penak tenan!!

Nggontho meneh ahhh.... (LHOOO????)

YIHAAAA!!!!!!!!!!

| | 0 comments
Halo bandung kebakaran!
Gontho is the best!!!!!!!
Aku duwe akeh banget!!!!!
asiiikk!!!
Cukup nggo 5 dino!!!!
Horeeee!!!!
(paling pelaksanaane 3 ndino!!)

DADAH SILITMU BEDHAH!!!

Gawe Syair Ngawur

| | 0 comments
Asu...
Bulan ini kok otakku rasanya buntu...
Ndak bisa bikin lagu...
Males mlaku-mlaku...
Kerjanya cuma turu dan dengerin lagu...
Pingin lemu juga nggak lemu-lemu...
Aku memang wagu...
Asu..

Ndlogok...
Beberapa hari ini aku kayak orang pekok...
Otakku rasanya bobrok...
Ndlogok...

Bajindul...
Dari kemaren pikirannya nggandul...
Bajindul...

Sialan...
Dari kemaren aku ndak doyan makan...
Kerjanya cuman nongkrong di depan...
Kayak wong edan...
Ndak ada teman...
Ndak bisa mikir tenanan...
Males omongan
Sialan...

Bangsat...
Banyak yang utang aku, sekarang aku jadi mlarat...
Kepala rasanya kok jadi berat...
Aku sekarat...
Sudah kehilangan bakat...
Bangsat...

Brengseks...
Ndak bisa nge-seks...
Brengseks...

Bajingan...
Sudah tau salah masih diteruskan...
Tapi kalo gak diteruskan kok rasanya eman-eman..
Bajingan...

Hehehe...
Gawe syair kok dipeksakke..
Uelik dadine...

Hundred Days Off

| | 0 comments
Uwah!!
Akhire aku tuku kasete UNDERWORLD - A Hundred Days Off dung deng!!!!! **SOLA SISTIM**TRIM**ESS GEE**BALLET LANE**
Yihaaaa!! Gak nyongko neng Indonesia ono sing dodol, opo meneh neng kuto solo. Huahaha...

Nobody read me (from Blue)
Oh no!
I knew only one person read me (only Bonchu)
Is it bad? I can't beat Sheldon or that writer...
That's OK, that's fine
I still can listen to Underworld anytime I want...
And I bet they don't like Underworld, just like they don't like to read me..
I think they don't know what kind of thing Underworld is..
Hahaha..
I'm glad.. I'm glad..

AWAS!!!

| | 0 comments
Pokok-e lakoni wae sing menurutmu apik. Ojo keganggu karo cangkemane uwong-uwong sing ora nggenah lan marakke gawe nesu thok...
Sing nyangkem sakkarepe dhewe ki mesti ora mudeng uripe uwong sing sengsoro. Mesti ora ngerti rekosone uwong sing uwis insyaf sing pingin dadi wong apik...
Jadi kesimpulane,... uwong sing arep isyaf kuwi, godaane akeh. Yen ora sabar, mesti setane dho metu lan nggodo-nggodo terus...
Pancen angel banget ngusir setan kuwi.
Gempur setan-setan jahat!!!!!!!!!

ANCHUUUUUUUURRRR

| | 0 comments
Aku ki sakjane ora ngerti....
Aku ono pitakon akeh banget menyang awakku dhewe..
1. Asline ono opo ora tho uwong sing arep nyingkirki aku?
2. Sing anyel karo aku sopo wae? Kok aku iso dadi koyo ngene?
3. Aku iki wis doso opo menyang uwong-uwong?
4. Yen ono uwong sing arep nyingkirke aku, wong kuwi sopo?
5. Terus ngopo kok uwong kuwi pingin nyingkirki aku?
6. Opo aku tau duwe salah karo uwong kuwi?
7. Opo aku iki ora koyo bocah-bocah wedok liyane sing urip neng donyo iki?
8. Opo nganti tuwo aku kudu nuruti kersane uwong-uwong terus?
9. Ngopo kok aku iso kelangan dalanku?
10. Aku dadi kelangan dalanku opo goro-gorone aku dilarang?
11. Terus usahaku sing wiwit ndisik tak ciptakke kuwi opo ora ono gunane?
12. Opo lagu-laguku & karangan-karanganku ora ono mutune?
13. Ngopo kok opo sing wis tak gawe selama iki ora di restoni keluargaku?
14. Opo keluargaku dho ora seneng karo karangan-karanganku lan musikku?
15. Ngopo kok sedulur-sedulurku ono sing pingin nyingkirke aku? (krosoku koyo ngono)
16. Opo aku iki ancaman?
17. Kowe sing wis dho ngrungokke musikku! Opo kowe ora seneng?
18. Opo lirik-lirik seng tak gawe kabeh ora ono mutune?
19. Knopo aku gawene dituduh sing ora-ora? (yen masalah kuwi, aku ora iso mbelo awakku dhewe...)
20. Opo kerjo ngafe ki ora ilok?
21. Kenopo sing tak lakoni iki ora tau didukung wong tuwo?
22. Kenopo kok yen wong tuwoku ndukung opo sing tak lakoni, kethoke kok kepekso??
23. Opo pancen aku wis ora gathuk kalo keluargaku?
24. Opo kabeh keluargaku sing wis mati dho anyel karo aku?
25. Opo kabeh keluargaku sing wis mati ora ngerti perasaanku karo sejatine uripku sing dudu seko cangkemane uwong-uwong?
26. Opo aku iki pancen ra nggenah?
27. Yen aku ora nggenah, kok aku isih nduwe ati?
28. Kenopo kok kabeh dho ngrumangsani aku olo?
29. Opo aku pancen olo tenan?
30. Opo wis rusak tenan donyo iki?


Tak blakakke wae...
Sakjane aku iki ora pingin nyusahke mas-masku. Mesakke. Koyone aku iki mung ngrusak keluarga. Goro-goro opo? Opo ono cangkeman-cangkeman sing ora apik??? Yen ono cangkeme sopo wae?
Nganti ono kejadian opo sing aku ora ngerti (sing nyangkut awakku),...begitu aku ngerti aku dadi kaget, soale aku iki bener-bener ora ngerti...

Asline, aku wegah omah iki, aku wegah mobil, aku wegah opo-opo...
Aku seneng angger aku iso urip dhewe tanpo nyusahke keluarga. Mbuh aku arep manggon ngendi, aku rangerti...
Yen aku iso golek duwit dhewe, urip neng panggon sing sewulane mbayar murah, iso mangan cukup, ora kakehan pikiran goro2 keluarga sing ribut ngributke aku,
Aku iso seneng yen aku iso urip tentrem nggoleki dalanku dhewe tanpo di pekso-pekso, tanpo kon ngene kon ngono, ora kakehan cangkem sing nyocot nggowo-nggowo jenengku lan crito-crito sing ora bener. Aku anyel provokator keluarga..

Kethok-e yen dikon milih keluarga utowo koncoku sing ranggenah kui, aku jelas milih sing diajarke gusti Allah menyang aku. Sing di ajarke gusti Allah kuwi, : ORA PARENG DURHOKO MENYANG WONG TUWO. Aku sadar lan aku paham banget. Gusti Allah wis mbukakke dalanku. Gusti Allah ngajarke kuwi.. Dadi yo aku kudu ngamali opo sing diajarke gusti Allah. Masalah suk emben aku arep karo sopo, aku ora ngerti. Gusti Allah sing nentokke. Sing jelas, gusti Allah ngerti tresnoku ki sejatine karo sopo....

Sak jane neng njero atiku... yen aku kon milih, aku ora milih loro-lorone. Aku luwih milih awakku dhewe...
Sakjane aku pingin lungo seko omah iki, nggolek nggon urip dhewe..

Jane aku luwih milih lungo. Luwih milih lungo lan njaluk restu menyang keluargaku, yen aku arep lungo seko omah iki. Lungo dhewe...
Aku wegah njelaske kabeh menyang uwong-uwong. Ora ono gunane, soale aku wis dianggep rusak.
Rusak goro-goro cangkemane uwong-uwong opo aku ngrusak awakku dhewe, MBUH!
Aku ki ngopo tho? HAHAHAHAHAH!!
Edah tenan, aku ora nangis! Malah rasane aku nduwe semangat anyar, koyo-koyone awakku kobong kabeh, goro-goro duwe pinginan sing bener-bener aku yakin..
Tapi aku ora iso nglakoni kuwi. Aku ora arep durhoko menyang gusti Allah. Aku ora arep durhoko menyang wong tuwo.

Jane yen aku lungo seko omah kene, aku isih iso nulis, mbok-o ora nganggo komputer, aku isih iso tuku buku nggo orek-orek.
Aku isih iso nulis lagu nganggo cangkemku dhewe NA NA NA NA...
Tapi mung siji masalahe. Aku ora iso lungo seko kene soale aku ora arep durhoko menyang wong tuwo.

Jane yen aku lungo seko ngomah kene, :
Papahku ora usah repot2 ngethoke duwit nggo mbayar internet, karo mbiyayani uripku.
Mas masku ora repot goro-goro aku.
Mas-masku lan keluargane ora repot goro-goro aku
Aku seneng.
Mesti kabeh dadi tentrem...
Tapi ternyata sing kudune mbenekke urip kuwi awakku dhewe. Dadi aku yo kudu berusaha mbenekke urip, ojo kegowo emosiku sing ora bener...

Tapi yen aku lungo seko kene mengko mesti dadine yo podho wae. Mesti yo isih ono cangkeman-cangkeman sing ora apik. Uwong-uwong kuwi pancen seneng gawe masalah wae!!! Bajingan Asu!

Ono sing ngomong, yen aku iki butuh uwong sing iso ngerti aku, tapi selama iki aku durung nemokke...
Aku ora iso nemokke uwong sing iso ngerti aku, soale aku ora iso ngalahke cangkemane uwong-uwong sing ora mutu kuwi...
Terus, ono sing ngomong... yen uwong-uwong ki sakjane males nulung aku.. Goro-goro opo???????
Opo aku ki jahat banget karo uwong-uwong???????????

Opo aku iki durhoko karo uwong tuwo yo???
Lha terus, sak jek-e uripku nganti lair sampe saiki, yen aku nangis nangisi sopo??????????????
Opo rumangsane aku ora sayang karo keluargaku po??????? Opo aku ora sayang karo konco-koncoku?????????
Selama iki justru aku malah ora sayang karo awakku dhewe!!!! Goro-goro opo? Goro-goro sopo???? Opo Goro-goro aku dhewe??????
Opo aku iki pancen jahate ngungkuli setan???????

Yo wis, saiki aku kudu siap-siap. Aku wis dike-i geni, aku kudu ngurupke geni kuwi. Lan pasrahke wae kabeh karo sing neng nduwur.
Mugo-mugo dalanku iki bener...

Aku ora arep kalah karo cangkemane uwong-uwong sing ora mutu!!!
Ben wae yen aku wis kesingkir..
Mugo-mugo uwong sing nyingkirke aku kuwi iso seneng.
Aku ora butuh opo-opo kok. Yen omah gedhene sak mene, duwit akeh, tapi uripku ora iso seneng..kuwi nggo opo?
Pek-en kabeh.. aku ora butuh....
Sing tak butuhke kuwi jane, tentreme keluargaku, senenge uripe papahku..
Aku iki malah nggawe ora tentrem keluargaku...
Aku jane wis ora iso neng kene meneh..
Aku jane kudu lungo..
Aku jane pingin memperjuangke awakku dhewe urip neng njobo tanpo mikirke kuwi-kuwi terus!!
Aku jane pingin lungo!!
Tapi ojo tho nduk! Nduk! OJO DURHOKO MENYANG WONG TUWO!!!

Wis lah! Trimak-trimakno wae yen uripmu koyo ngono..

Hidup Idang!!! Sing penting isih iso tetep berkarya!!!

Ternyataaa!!!!!!!!! Cocok tenan lirik-lirik sing selama iki wis tak gawe karo uripku!!!!!!
Pancen kuwi uripku!!! Urip mung neng njero lirik lagu!!!!

Angan

Dimana ku harus berlari
Hati ini rasa tak pasti
Ku slalu merasa sendiri
Aku senang bersembunyi
Ciptakan sgala ilusi
Diam di tempat yang sangat sepi
Dengan resah, penuh sesal
mereka memandangku
takut tak menentu yang kurasa
Semua hanya angan...ku..

Tertawa usir gelisah
Bawa hayalku ke relung jiwa
Awan gelap bintang-bintang bertaburan
Bawa anganku menepis asa
Bayangkan sebuah dunia
Dimana ku bisa bebas melakukan apa saja
Dengan resah, penuh sesal
mereka memandangku
takut tak menentu yang kurasa
Semua hanya angan...ku..

Melarikan diri

Kuhanyalah sang pemimpi
Yang menunggu dan berharap
Rasanya tak kuat lagi
Ingin diriku terlelap
Pulas tak bergeming
hingga tak kudengar suara mereka menghina
Damai dalam hangat
Berat diriku untuk bangun lagi

Nyenyak tidur ku disini
Tapi serasa di langit
Tak bisa lagi bermimpi
Lelah tubuhku yang sakit
Kapan kau datang
Selamatkan aku, bawa aku pergi dari sini
Kapan kau tepati
Ucapan yang kau janjikan
Saat kutanya kau selalu menjawab

Ku hanya menjerumuskanmu dari dunia mimpimu menuju lorong yang gelap,
dan pengap
Ku hanya larikan dirimu menjauhi mereka yang kau benci

Pesta pora kau disana
Senyum sinis kumelihat
Dan kau begitu bahagia
Kuberlinang air mata
Kukutuk dirimu
Tak mungkin pernah lepas dariku, dimanapun kau berada
Kumaki dirimu
Dengarkan aku bicara
Saat itu akan kukatakan

Kau slalu menjerumuskanku menyeretku jauh ke dalam tanah yang lembab
Kau telah ajari diriku cara untuk melarikan diri

Kau ajari aku melarikan diri...

Hilang

Sesaat kau pikir apa yang kau lakukan
memilih berjalan ke kiri atau ke kanan
sekali langkahmu salah kau tak akan bisa kembali lagi
pikiranmu sudah tak bisa diajak kompromi
kau biarkan debu-debu itu menyiksa
tubuhmu otakmu jiwamu duniamu

dirimu semakin jauh
dirimu semakin jauh

Kau mulai berjalan di atas awan
di kepung asap-asap putih yang tebal dan menyesakkan
dan bumi kini serasa bukan tempat tinggalmu lagi
Apakah kau tahu itu?
Dimana dirimu sekarang kau sendiripun tak pernah tahu
tenggelam di dasar laut bagai kapal yang ditelan badai
terbang ditiup angin bagain daun-daun kering yang sedang berguguran

Yang kau tahu hanyalah kenikmatan terbang
untuk beberapa saat sebelum semua berakhir
di depan matamu

Setelah semua berakhir kau mulai menikam......

Hilang semua hilang
tak tahu kemana perginya
hilang semua hilang

Take It Back

You don't know, You probably wrong
You judge them,
Well you don't know if they have the face
But you might be true, like they said
They knew you, from your fake appearance

Don't you know if you right or you wrong
Or you just pretend that you were the brilliant one
You're trying to hide your weaknesses
Make them to see no worry at all

Too many rules, destroy their freedom
Well you wrong if they can move with your rules
Many people die from cancer
Cuz their mind was poisoned by your desire

They know that you're right and you're strong
You are the best from the most of all
You have your reason and providence
Stop playing your stupid law
Can't you see them worry at all

Take it back, you mean!

They know that you're right and you're strong
You are the best from the most of all
You're trying to hide your weaknesses
Make them to see no worry at all
Don't you know if you right or you wrong
Or you just pretend that you were the brilliant one
You have your reason and providence
Stop playing your stupid law
Can't you see them worry at all

Nuthin'

It doesn't matter anymore
Everytime you tell me to kill it away
I know that you show your decent
I do care if you try to get it

If they know..
Whatta fuck they gonna say?
Not enough evidence to convince them
They don't care everything in this world
They have fill that word in the book of life

We're the vain
We're the game
We're in pain
Were in this sin
We're everything gone wrong
When everything is wrong
I'm the girl
Your the boy
I'm the woman
You're the man
I'm breakin' out my heart in you spare time
Spare time...

I'm A Liar

What the hell's happen to me?
I'm waiting for the saint to be alive

Everyday is just a blaming day
I'd never found myself to be myself
I'm happy when I lie (when I lie)
I'm such a liar, I'm such a liar
Yes, I'm a liar pretend that I was your toy
Yes I am

I cried when I tell a lie
I was forced to be a liar
It's just because of you
because of you
I feel die when I tell a lie
I'm hopeless when I tell a lie
I do this for you
Just for you
I'm a liar

Everyday is your happy day
You always want yourself to be myself
You happy when I lie (when I lie)
You want me to lie, you want me to lie
Yes, You want me to lie, cuz I am your slave
Yes I am

You laugh when I tell a lie
You forced me to tell a lie
You want me to be
A liar
You happy when I lie
You proud to see me lie
You want me to be
You want me to be
A liar

Kemana Aku

Puing puing, terbaring
Hembusan angin, mencari
Bisikan hati, menangis
Harga diri, menjerit
Telah mati, sisa sepi
Tiada arti, siapa perduli

Kenapa aku mengeluh?
Kenapa aku tak mau?
Kemana aku menjauh?
Kenapa aku terbunuh?

Teman-teman, sendiri
Ada hati, memberi
Jati diri, tak pasti
Hanya mati, menanti
Jatuh lagi, ke alam mimpi
Yang terjadi, tak berarti

Kenapa aku tak bisa?
Kenapa aku tak marah?
Kenapa aku curiga?
Kenapa aku percaya?

Lost

I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....
I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....

I couldn't believe how hard it was
I put the gun into his face
I coun't believe how bad I am
I sneak around for too long

I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....
I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....

I couldn't believe how hard it was
I put the gun into his face
I coun't believe how bad I am
I sneak around for too long

I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....
I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....

I put the gun into his face
I put the gun into his face
I put the gun into his face
For too long...

I couldn't believe how hard it was
I coun't believe how bad I am
I couldn't believe how hard it was
I coun't believe how bad I am

I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....
I lost my memory
I lost my memory
I lost my memory
I lost my....

Ingin Pergi

Dingin sekujur tubuhku terasa pilu hadapi yang terjadi
Seakan tak bisa berjalan lagi
Dan guntur menyambar menyerang tubuhku masuk ke dalam raga
Terasa sakit dan perih
Terbaring di bawah hujan lebat lemah tak berdaya
Menatap awan yang kini
Tak ada bulan lagi
Gelap dan hitam bumi ini
Itu yang kurasa

Aku ingin pergi....
Aku ingin pergi....

Kemana mereka? Sudah kucari-cari
Tak kutemukan juga, adanya tanda-tanda
Kapankah datangnya? Rasa untuk berbagi
Waktu untuk akhiri, jangan lagi sembunyi
Muak aku ini, terkurung sendiri
Akan kemana lagi? Tak kuat menanti
Tolonglah diriku, tenangkan hatiku
Berikan padaku, keluarkan aku

Kucoba berdiri bertahan tapi tak bisa kulangkahkan
Kakiku yang lemah ini
Kulihat uluran tangan bantuku berdiri untuk bangkit lagi
Terpejam mataku menunggu kapan datangnya angin besar itu
Tiada seorangpun di dunia ini
Itu yang kurasa

Aku ingin pergi....
Aku ingin pergi...

HAHAHAHHAHAHA!!! HAHAHAHHAHA!!! AHHAHAHAHAH!!!
Aku ora pingin sombong kik!!!
Pancen lirik-lirikku suetil tenan!!!!!!!!
Sampe sampe aku ngefans karo laguku dhewe!!!

HUAHAHAHHAHAHAH! HUAUHAAHAHHAH! HUAUHAUHAHAHAH!!!

HIDUP IDANG!!!!!!!!!
HIDUP IDANG!!!!!!!!!
HIDUP IDAAAAAAAAAANG!!!!!!!
HIDUUUUUUUUUUUUP!!!!!!!!!
HIDUP IDAAAAAAAAAAAANG!!!!!!!!!!!!
WUUUUUUUUUUUUHHHHHHUUUUUUUUUUUUUUUU!!!!!!!!!!!

Mbuh Yo Dong Der

| | 0 comments
Dino-dino iki sepi terus, dhewe terus..
Aku luwih seneng dhewe timbange akeh uwong-uwong..
Luwih penak meneng yen ono neng sekitare uwong-uwong, kecuali yen ono sing ngejak ngobrol...

Mau aku sempet mampir neng Novotel nonton Reshuffle (bener rak yo nulise?), kok dho akeh sing ngulatke aku ngopo yo? Opo tampangku koyo vampir? (Ge Er!)

Asu! Rokokku enthek!! Perasaan mau aku bar tuku anyar trus mung kelong 3. Tapi kok iki gari siji? Sopo sing nyolong?
Pingin tuku rokok tapi gak duwe duwit. Biasane khan ngutang neng warunge Bulik Har. Lha saiki warunge Bulik Har yo tutup nooo...

I'm still writing their story, but lately I don't have a new idea yet, because I never meet them anymore...

Ronald said; He would do anything to make Aznelie happy. I found out that he loves Aznelie but not like the way Ivant loves Aznelie. Why? I don't know. I haven't asked Ronald about his true feelings with the princess. He always called Aznelie 'my princess', never call her name. And I will ask him that too...

Last night, I met Charly and Reynard. They dropped me a note before they went away. It's a message to Damian. I'm truly sorry that Damian still unconcious inside his coffin now. His barely can't do nothing, still lost his power. I can't give the message to Damian yet.
I'm sure that Damian will arise again someday, I don't know when...
All of his friends waiting for a miracle...
The prince of the darkness not died yet, we know...



I count! I have no money since last week! I'm not gonna take my savings though... No way. My brother said that he will deposit all of my savings because last month I took a lot of money from my savings! Liang pai wan?? Too much money! I'm not gonna take my dad's money.. No! He need 2 billion rupiahs to buy a new big house for my new Mom! And also.. maybe he will buy Mercedez too... Well, welcome to the 'glamour life' dad,.. Sorry I can't go there with you... I'm just a common people who likes to hang with a 'little people'.
2 billion rupiahs? How long you will get all of those things dad? It's not enough if only 2 years... Probably it will take more than 2 years! 10 years? Or more? Oh god, will you make this world 'raining dollars'! So, my dad doesn't need to get a hard work for that!
Fuck money! Everybody needs it and me too! Hahahahaha!

And fuck watching Top 40 band too!! I'm sick and tired listening to bad covers of famous songs!!!
Whatta fuck!!!

Hey, thanks you to all my invisible friend! You all give love so much to me...
Heheheh...

Sinting ya???
Iya....

WUEDIYAN

| | 0 comments
Beberapa hari ini, setelah kupikir-pikir, walau hanya duduk termenung sendirian dan berteman sepi. I told you, that I am alone in this world...
Aku baru sadar kalau ternyata aku ini hanya 'Korban'...

Sak jane aku ora sedih lan saiki ora tau duwe masalah sing abot.. Tapi kok,.. akhir-akhir iki hawane sedih terus. Sampe kadang-kadang aku nangis tanpo sebab. Aku ngrasakke,..koyo ono sing lagi sedih, tapi aku ra ngerti sing sedih kuwi sopo. Ono 'sosok sing mencurigakan', aku ra ngerti kuwi uwong opo dudu. Sing jelas sosok kuwi mau sediiih terus, lan sedih-e goro-goro mikirke uripku. Deknen sedih mergo uripku sengsoro terus. Deknen sedih mikirke aku lan uripku. Aku ora ngerti sopo kuwi. Aku mung ngrasakke thok. Aku mung kroso thok, yen sosok kuwi lagi sedih mikirke uripku, kadang-kadang aku yo melu nangis. Sosok kuwi ora tau ngetok, mbuh ngopo kok ora ngetok, aku ra ngerti.
Kadang-kadang aku kepikiran.. sosok kuwi mau jane pingin ngewangi aku, tapi mbuh piye carane, aku ora iso ngimbangi sosok kuwi. Dadi aku ora iso 'komunikasi'.
Mungkin aku kudu golek uwong sing iso ngajari aku weruh & komunikasi karo sosok kuwi. Tapi, aku luwih seneng yen aku iso nglakokke kuwi dhewe. Aku mung iso ndongo nyang gusti Allah thok....

Mesti aku wis edan tenan iki....
Goro-goro kakean dewek-an & ora tau sosialisasi, aku dadi kroso sing koyo ngono...
Sosialisasi / kumpul-kumpul karo uwong pun.. aku isih kroso yen aku ki dhewe...
Edan tenan...!

Compar Campur

| | 0 comments
Kenopo kok dino iki rasane kesel bianget. Padahal wis turu cukup, mbok-o ora turu neng omah tipes. Jane yo turuku mau bengi ki penak bianget. Neng AC, sambi nonton TV. Tapi kok rasane kesel yo? Polah sithik wae jantunge deg deg deg. Bar iki tak tuku EXTRAJOSS we, ben rodo JOSS awake. Soale mengko awan isih akeh kegiatan...

Hore!! Donlod Prodigy 'Baby's Got A Temper' neng WINMX

Terus sebuah kabar yang lumayan telat... anak-e mas Adi sing lair awal Juni wingi, jenenge Muh. Chabibuddin Patriadi Nuhriawangsa. Hehe, celukane Abib. Bagus cahe...

Aku dek wingi krungu seko Pak Kampek, yen wingi sore, neng studio diadakan pembersihan, tapi sing iki dudu pembersihan sembarangan. Ora koyo mbiyen. Yen mbiyen khan pembersihan narkoba. Lha dek wingi kae pembersihan roh-roh jahat (wuss, sakral tenan). Ngepasi men aku raono neng kono. Mesti ngono...

Sak jane aku ki percoyo yen koyo ngono kuwi ono, soale aku wis tau diweruhi. Tapi aku luweh percoyo karo Gusti Allah. Aku sok-sok nggumun. Akeh banget uwong-uwong sing njaluk tulung karo 'uwong pinter'. Pancen kuwi ora salah. Tapi yo kudune mbok biasa wae. Ora usah terlalu fanatik ngono. Bukanya aku iri. Tapi rak sing jenenge urip, sing nentokke Gusti Allah. Pancen rapopo takon uwong pinter tentang arti ngimpi, tentang suk emben uripe piye, tapi yo ojo terlalu fanatik ngono terus. Sing nentokke urip kuwi awakke dhewe. Dudu sopo-sopo. Dadi yo tergantung usahane awake dhewe piye nggo sokmben...

Aku kok malah mumet mikir kuwi. Sak-ke tenan mase...

Scaro Namo

| | 0 comments
Blogger Asu!!
Iyo... yen pas stuck Asu!

Oscar bingung, riwa-riwi terus. Opo luwe? Padahal wis tak pakani mau. Sate sak sunduk. Sate kambing guling di cacah.

Kok aku lek-lek-an meneh tho? Hiks hiks hiks...

KLERU

| | 0 comments
Waaaaaaaah!!! Kok iso kleru!!!! Mestine neng imel tak imelke! Kok malah tak post!!!!! Aku iki pancen wis edian tenan!!!!!
Copy paste!!!!!!!!!
Padahal aku waras, narkoba yo ora! Koyo sing neng TV kae, ngomonge... Aku bisa gemuk lagi... Aku bisa bangun pagi..!!
Ngomonge iso kuwi goro-goro ora nganggo narkoba.
Lha aku piye? Aku ra iso tangi esuk, raiso lemu, tapi aku ora narkoba...
Trus piye yen ngono kuwi??
Mosok arep kirim imel nganti iso tak post neng blog!!!!! Padahal cethooo cethooo mlohooo emaile neng window seblahe!!!!!!
Aku wis edan tenan berarti ikiiiii!!!!!
Mbedhakke blog karo imel we raisooooo!!
Edan!!!

Tuluuuuuung!!!!!

Sutris

| | 0 comments
Rasane kok aneh suwi-suwi urip iki. Sedilit meneh rak aku edan. Jane aku ki yo ora sedih, seneng banget yo ora. Mung biasa-biasa wae. Tapi kok rasane ora koyo ndek emben meneh. Ngimpi karo tangi rasane kok podho wae. mung aku isih iso mbedakke yen kuwi ngimpi utowo ora ngimpi. Mung rasane podho. Podho sing tak maksud kuwi rasane. Rasane koyo terjadi tenan. Mugi-mugi aku isih iso mbedak-ke. Yen koyo ngono terus rasane suwe-suwe urip iso raono artine. Piye carane supoyo ben kuwi ora tak rasakke meneh? Aku jane ngerti carane. Tapi kuwi kethok-e kok abot...
Saben dino aku ketemu uwong-uwong sing podho. Yen ketemu uwong-uwong anyar yo rasane podho wae. Mung koyo ngono kuwi...
Kenopo kok uwong-uwong dho koyo ngono kabeh yo? Saben nyawang uwong-uwong, kethok-e kok uwong-uwong dho wedi, mbok-o uwong kuwi ora kethok keweden, tapi tetep dho wedi, mbuh wedi kenopo, aku rangerti. Kok aku iso ngrasakke koyo ngono yo? Opo donyo iki arep ancur? Mbok-o uwong sing apik, sing jahat, sing sabar, sing ora sabar, kok kabeh koyone dho dadi ora nggenah. Koyone wis dho adoh seko jaman-jaman dek emben. Jaman saiki kok koyone wis ora nyenengke meneh koyo jaman dek emben. Saben aku mbandingke keadaan saiki karo dek emben kok aku rasane pingin nangis. Aku ora sedih. Aku mung gelo ngopo saiki akeh sing ora nggenah. Aku jane pingin mikirke awakku dhewe. Golek usaha sing apik supoyo iso dadi 'uwong'. Tapi ndelok keadaan uwong sekitarku sing koyo ngono, keadaane dadi ora mendukung aku dadi luwih 'mateng', luwih 'percaya diri, luwih 'kendel'. Aku saiki yen dibandingke karo aku dek emben kethok-e bedhone akeh. Aku saiki dadi tambah jirih, dari luwih ngalahan, dadi luwih nrimonan. Aku sing saiki wis ora iso berontak meneh. Aku dadi luwih pasrah...
Opo mungkin sing berubah aku? Dudu uwong-uwong sing berubah? Dek emben karo saiki bedho goro-goro aku berubah? Opo aku iki uwis edan yo? Dadi, sing tak rasakke saiki karo dek emben bedho rasane, goro goro aku arep dadi wong edan?....
Mbuh ah...

Kok saiki kabeh rasane wis mulai aneh yo? Seko ngimpi koyo ora ngimpi,.. sampe angger ndongo pun rasane aneh...
Saben bar sholat, aku mesti ndongo. Ndongakke Papahku, keluargaku kabeh, konco-koncoku, tapi aku ra tau ndongo nggo aku dhewe. Isoku mung njaluk ngapuro neng Gusti Allah, mohon supoyo Gusti Allah ngampuni doso-dosoku sing dek mbiyen. Tapi saben aku njaluk ngapuro karo Gusti Allah akhir-akhir iki, rasane kok bedho koyo pas aku njaluk ngapuro jaman mbiyen kae. Yen saiki rasane sekilas kok aku koyo di tontonke film, flashback kejadian doso-dosoku mbiyen. Marakke awak mrinding. Marakke nangis. Tapi ngopo yo bar kuwi awakku rasane anget kabeh, koyo ono sing njogo. Koyo ono sing ngancani. Saben ndongo aku mesti ngomong neng Gusti Allah yen aku ki ra duwe konco, ora duwe uwong sing iso nglindungi aku ning ndonyo iki. Sok-sok aku nangis yen crito neng Gusti Allah perihal bab kuwi,-- 'ora duwe sopo-sopo'--.
Gusti Allah njogo aku. Aku ngerti kuwi soale saben bar aku rampung ndongo, kethoke kok rasane koyo ono sing njogo aku, tapi dudu konco-koncoku, dudu wong liyo, dudu sopo-sopo,... Aku isih mikir, sopo yo? Opo Gusti Allah? Yo... Kuwi Gusti Allah...