Merid

| | 0 comments
Terkatung-katung ku menunggu
Bertahun-tahun lamanya
Setelah kita alami
Simpang siurnya cinta
Tadinya ku tak merasa
Kalau kita kan bersama
Tapi tak di sangka
Akhirnya Tuhan mempersatukan kita

Terkabulah semua doaku
Bahkan ku tak percaya kalau
Semua jadi nyata

Akhirnya
Mereka
Merestui
Kita
Bahagia
Slamanya
Di dunia

Sutris

| | 0 comments
Rasane kok aneh suwi-suwi urip iki. Sedilit meneh rak aku edan. Jane aku ki yo ora sedih, seneng banget yo ora. Mung biasa-biasa wae. Tapi kok rasane ora koyo ndek emben meneh. Ngimpi karo tangi rasane kok podho wae. mung aku isih iso mbedakke yen kuwi ngimpi utowo ora ngimpi. Mung rasane podho. Podho sing tak maksud kuwi rasane. Rasane koyo terjadi tenan. Mugi-mugi aku isih iso mbedak-ke. Yen koyo ngono terus rasane suwe-suwe urip iso raono artine. Piye carane supoyo ben kuwi ora tak rasakke meneh? Aku jane ngerti carane. Tapi kuwi kethok-e kok abot...
Saben dino aku ketemu uwong-uwong sing podho. Yen ketemu uwong-uwong anyar yo rasane podho wae. Mung koyo ngono kuwi...
Kenopo kok uwong-uwong dho koyo ngono kabeh yo? Saben nyawang uwong-uwong, kethok-e kok uwong-uwong dho wedi, mbok-o uwong kuwi ora kethok keweden, tapi tetep dho wedi, mbuh wedi kenopo, aku rangerti. Kok aku iso ngrasakke koyo ngono yo? Opo donyo iki arep ancur? Mbok-o uwong sing apik, sing jahat, sing sabar, sing ora sabar, kok kabeh koyone dho dadi ora nggenah. Koyone wis dho adoh seko jaman-jaman dek emben. Jaman saiki kok koyone wis ora nyenengke meneh koyo jaman dek emben. Saben aku mbandingke keadaan saiki karo dek emben kok aku rasane pingin nangis. Aku ora sedih. Aku mung gelo ngopo saiki akeh sing ora nggenah. Aku jane pingin mikirke awakku dhewe. Golek usaha sing apik supoyo iso dadi 'uwong'. Tapi ndelok keadaan uwong sekitarku sing koyo ngono, keadaane dadi ora mendukung aku dadi luwih 'mateng', luwih 'percaya diri, luwih 'kendel'. Aku saiki yen dibandingke karo aku dek emben kethok-e bedhone akeh. Aku saiki dadi tambah jirih, dari luwih ngalahan, dadi luwih nrimonan. Aku sing saiki wis ora iso berontak meneh. Aku dadi luwih pasrah...
Opo mungkin sing berubah aku? Dudu uwong-uwong sing berubah? Dek emben karo saiki bedho goro-goro aku berubah? Opo aku iki uwis edan yo? Dadi, sing tak rasakke saiki karo dek emben bedho rasane, goro goro aku arep dadi wong edan?....
Mbuh ah...

Kok saiki kabeh rasane wis mulai aneh yo? Seko ngimpi koyo ora ngimpi,.. sampe angger ndongo pun rasane aneh...
Saben bar sholat, aku mesti ndongo. Ndongakke Papahku, keluargaku kabeh, konco-koncoku, tapi aku ra tau ndongo nggo aku dhewe. Isoku mung njaluk ngapuro neng Gusti Allah, mohon supoyo Gusti Allah ngampuni doso-dosoku sing dek mbiyen. Tapi saben aku njaluk ngapuro karo Gusti Allah akhir-akhir iki, rasane kok bedho koyo pas aku njaluk ngapuro jaman mbiyen kae. Yen saiki rasane sekilas kok aku koyo di tontonke film, flashback kejadian doso-dosoku mbiyen. Marakke awak mrinding. Marakke nangis. Tapi ngopo yo bar kuwi awakku rasane anget kabeh, koyo ono sing njogo. Koyo ono sing ngancani. Saben ndongo aku mesti ngomong neng Gusti Allah yen aku ki ra duwe konco, ora duwe uwong sing iso nglindungi aku ning ndonyo iki. Sok-sok aku nangis yen crito neng Gusti Allah perihal bab kuwi,-- 'ora duwe sopo-sopo'--.
Gusti Allah njogo aku. Aku ngerti kuwi soale saben bar aku rampung ndongo, kethoke kok rasane koyo ono sing njogo aku, tapi dudu konco-koncoku, dudu wong liyo, dudu sopo-sopo,... Aku isih mikir, sopo yo? Opo Gusti Allah? Yo... Kuwi Gusti Allah...

Ngopo Kik...

| | 0 comments
Akhire gonthone tak entek-ke. Tapi kok ora kroso opo-opo? Kroso mung sithik thok. Opo mergo aku pilek? Opo mergo barange pancen elek? Opo mergo campurane terlalu akeh? Mbuh..
Tapi, akhire, file sing dekwingi tak gawe, jenenge 'cihaa', aransemene wis rodo ngangkat...
Hehe...
Nggontho malah raiso turu.. tapi awakke kok dadi penak...
Bar iki enak-e ngopo yo?

Selamat selamat!!

| | 0 comments
Selamat buat yang hari ini berbahagia..!!
Papi, Mami, Adik! Selamat! Selamat!

Mending rangopo-ngopo

| | 0 comments
Pengawas terus-terusan manthengi nganggo mripate, mbok-o ora kethok. Yo wis, tak neng omah wae. Timbange ono wong sing bisik-bisik nekokke aku nengdi karo uwong-uwong sing ono neng sekitar omah. Emange ngopo tho yo..yo..?
Lha terus, sesuk arep ngopo wae?
Mbuh...